Ngumpulke balung pisah
selawe tahun pisahan,
dina iki nyoba kumpul maneh.
Kelakon 10 kanca sing isa teka
pancen wis podho dadi uwong
polahe dhewe-dhewe
lan blegere uga seje
Guyonan bali jaman semono
malangan lan urakan,
Podho lali lek wis ora enom maneh
Sedhelo bali jaman s.m.a
naliko nari,
naliko njajan
naliko dolin
naliko lirik-lirik an
naliko nggending
naliko tukaran
Ngeling eling kanca liya sing ora muncul
padha ning endi saiki?
kudu komunikasi cara apa?
supaya
balung-balung sing kececer
sing wis selawe tahun ora kumpul
bisa kumpul maneh
Ngguyu bareng
padha ngilo dek kala semana
Selawe tahun
apa wae jenenge
muga-muga kelakon kumpul
Nyambung silaturrahim
Kompak, API
IPA 1 , SMANDA, AREMA
1984
No comments:
Post a Comment