.

Bismillaahir Rahmaanir Rahiim
In the name of God that most gracious most merciful

Sunday 22 June 2008

Sandal Kintir

Bengi iki Metro TV cerito masalah efek rumah kaca, lan nduduhake ramene lalu lintas ndik California lan Los Angeles. wah.... Jakarta dudu tandingane kutho-kutho gedhe ndik negoro maju bab tumpuk undunge dalan gedhe koyok sing di tayangake kuwi.
Dadi kelingan naliko mulih soko kampus Depok wayah bengi pas liwat dalan layang menyang kawasan Tebet .
"Ono sandhal kintir ! " konco sing rambute brintik, seneng cerito, nothing banter pas kabeh podho ngantuk.
Spontan ono sing njawab, he he ono sing ora ngantuk nyatane.
" Waduh... Jakarta ora banjir ..... kok ono sandal keli ki critane piye ? "
Si keriting njawab," La lek dudu Bapak sopo maneh ?"
" Sepisanan tindak Jakarta, Bapak rawuhe dalu. Pas liwat dalan layang, mirsani nang nisor, Bapak kaget banget karo ngendikan "Wah emane...kok akeh sandal sing kintir.? he he .. podho to .... podho bingung sing krungu", ceritane karo mesem.
" Lha... terus...."
" Lha kuwi, ..... coba nyawang mengisor....... " semaure karo nduding menyang dalan ngisor, sing ono ngisore dalan layang.
" Hah ..... akeh sandal kintir neng nisor? " kabeh podho melek lan nyawang mengisor.